Berikut Dengan Detail Menjelaskan PRODUK Obat Kuat PASUTRI Legal, Herbal, Rekomendasi Boyke dan Co :

PRODUK KESEHATAN WANITA DAHSYAT : GLUTERA SEHAT

Cewe'e Ayu Tenan

Diposting oleh Unknown | 08.03

Cewe'e Ayu Tenan
Oleh : Cak Sun "Blog Bisnisku"

Isuk-isuk rahmat mlaku-mlaku ndek kampuse. Gak biosone piyamba'e budal ndek kampus mruput banget. Gak koyo biasane leng budal. Gak sengojo rahmat kepethuk karo wong wadon. "weh... iku sopo yo?", bathine rahmat nalikone delok wong wadon iku.

Tapi rahmat gak gubriss blass karo wong wadon mau. Niate rahmat mong situk, "aku niat ngeluru ilmu, wiss titik." Niat sing mulyo banget khan...
Tapi, barang wiss rodok adoh anggenipun mlampah, pethuk maneh karo wong wadon mau. Rahmat mundak bingung. Saiki malah wong wadone ngelirik marang rahmat. Rahmat mundak gugup. Awa'e dredek ora karoan.

Rahmat nyoba gak delok marang wajahe cewek mau. "Aku engko nek nganti delok wajahe cewek iki, bakal onok bencana". Gumame rahmat.

Karo sikil sing rodok abot buanget, rahmat nekat yok opo carane supoyo cewek iki ilang soko pandelenge.

Basan wis agak adoh soko cewek mau, la kok si celuk. "mas... maaaaaaaaaass.... ". Bengo'e cewek mau marang rahmat sing katon setitik soko pandelenge. "Maaaaaaaaaassssssss..". Mundak buanterrr bengo'e.

Sakjane rahmat krungu. Rahmat keroso gak enak. Yo wis tak balas ae. "Iyooooooooooooooooo.......... onok opo...!" Balase rahmat.

"Mreneooooooo.........". Balas maneh cewek mau. Rahmat mundak bingung ora karoan. Waduh dikon mrono, yok opo iki. Onok opo yoo. "Mrono gak, mrono gak, mrono gak". Tambah ora genah atine rahmat.

Soale pesene Gurune, nek onok cewek ojok mbok delok, iku maksiat. Sebenere cewek mau iku, uayuuuuuuuu banget. Tapi rahmat tetep ae bingung. Sirahe rahmat terus di-dengklukne. Gak wani kate dengak. Dadi de'e mong ngrungokno tok suarane cewek iku.

Gak disongko da dak cewek iku mau marani rahmat. "Mas iku lho pulpene sampean tibo".
"Hah......, ". tambah gugup banget suarane rahmat. Karo grayah-grayah tas lan sakune, rahmat dredek banget "i i i yoo.... ceblok endi". "iki... " pulpenne di dudohne rahmat.

Karo nampani pulpen, sirahe rahmat didengakne terus delok wajahe cewek mau. "Subhanalloh............" bathine rahmat. Moto lorone ora kedEp blass. Mlotot koyo buto ijo sing arep nguntal pisang.

"Kok ayu temen ngene arek iki, ayune ora ketulungaaaaaaaaaaan". Bathine rahmat.

"heh.......".
Rahmat kaget. "iyooo....matur suwun". Rahmat kate langsung mlayu. nanging cewek mau nakoni " Mas arep budal nandi?" takone cewek iku. Gemeter campur seneng, rahmat jawab. "Arep neng kampus kae, lha iku dilik maneh sampek". "Lho kuliah neng kunu jugak ta? " iyoooo...."
Ngobrol Karo mlaku bareng, rahmat suwi-suwi ora gugup maneh.

Wis rodok suwi ngobrol, terus wong loro mau pisah. Rahmat mlaku neng gedung fakultase, cewek mau yo neng gedunge.

Rahmat gak langsung mlebu-mlebu kelas. Malah Jagok neng ngisor uwit guede. Koyo onok sing dipikirne. Bathine rahmat Ngertio ngunu aku ket mau tak delok cewek iku. Gak ngertine lha kok uayuuuuuuu........ tenan cewek iku. Uhhhhhhhhhh............ lha nek ayu ngene iki gak maksiat yo.

Waduhhhhh......... aku kok lali ora takok jenenge sopo, alamate ngendi, nomor HP-ne piro.

=========
Cekap semanten anggenipun kawulo cerito, menawi wonten lapate kawulo nyuwun kareksine lan dateng Alloh kawulo nyuwun Ngapuro.

Related Posts by Categories



2 komentar
  1. Stop Dreaming Start Action 14 Agustus 2009 pukul 09.01  

    Salam kenal yoooooo........

    uenak rek bahasane....

  2. Mawar2000 30 Oktober 2012 pukul 07.24  

    ditunggu lanjutane..

    *penasaran aku... xixixixi

Posting Komentar

Berikut Dengan Detail Menjelaskan PRODUK Obat Kuat PASUTRI Legal, Herbal, Rekomendasi Boyke dan Co :